Salah Satu Sejarah Seni dan Budaya Desa Girisekar
14 Desember 2015 22:24:34 WIB
KANURAGAN JANGKRIK NGENTHIR
Ki Subardi kang mapan ono ing Padukuhan Waru nDeso Girisekar Kecamatan Panggang Kabupaten Gunungkidul Ngayogyokarto, naliko tahun 1962 angripto sawijining seni kang lelandhesan ngelmu Kanuragan.
Sakawit lakuning seni iku mau among kairingi kanthi ketipung, kendang lan terbang.
Sinareng lakuning jaman, seni kang karipto dening Ki Subardi surut mergo akehing kabudayan monco kang lumebu ing Padukuhan Waru nDeso Girisekar Kecamatan Panggang Kabupaten Gunungkidul Ngyogyokarto, mulo ing udokoro tahun sewu sangangatus pitung puluh papat Ki Subardi kabiyantu sewelas piyantun penari lan sangang piyantun pengrawit kaleksanan nyempurnakake seni Kanuragan iku mau kanthi iringan saperangan gamelan slendro, lan ugo nglebur kanuragan dadi seni tari kanuragan utowo bela diri ugo nyawijekake ing antarane makhluk halus utowo dhanyang kelawan penari kang kasebut trans utowo ndadi.
Lan ing njeroning trans utowo ndadi, parogo kang nari utowo njoget kahanane ora biso kanalar wutuh amargo biso mangan Beling, paku, glugut pring, klopo, pari, wit kemadu lan liyo liyane. Ugo kanthi berkahe Gusti kang Moho Kawoso, tari Kanuragan kasebut biso gawe tetulung utowo menehi tombo marang sepodo-podo kang mbutuhake.
Seni kanuragan kasebut sakbanjure kasebut Seni Kanuragan Jangkrik Ngenthir, kawastanan Jangkrik Ngenthir amargo wektu Pendhadharan wancine wektu Jangkrik Ngerik utowo Ngenthir. kanthi iringan baku gamelan slendro gagrag Ngayogyakarto kang ka rinci ing sangang gendhing kang seje seje cengkoke.
Kang sepisan : Gendhing utowo tari Purmadi mujudake lakuning pambuko pendhadharan rogo
Kang kapindho : gendhing tari rete – rete nggambarake lakuning prajurit tumuju ing perang.
Kang ka telu : Gendhing Jorongan minongko perlambang kahanan saktengahing perang ing
antarane perang bener anglawan luput.
Kang ka papat : gendhing utowo tari Ijo –ijo minongko wujud pesto suko parisuko mergo biso
sasab mbengkas durangkoro.
Kasunyatan pangolahing roso hambabar seni luhuring budoyo satemah biso nyupeketake anggone rerukunan urip murih hayuning bawono, hayuning manungso, ugo hayuning bumi perdikan Ngayogyokarto Hadiningrat.(Sutrisna)mry.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Masjid Sunan Kalijaga : Warisan Sejarah berumur lebih dari 500 tahun
- Pertapan Kembang Lampir Turunya Wahyu Mataram Islam
- Desa Prima Sekar Maju Girisekar Hadirkan Aneka Camilan Tradisional di Pasar Njowa
- Pengumuman Libur Nasional dan Cuti Bersama Kalurahan Girisekar
- INFORMASI PENYELENGGARAAN PEMERINTAH KALURAHAN 2025
- PEMBAGIAN BANTUAN BERAS DAN MINYAK CPP KALURAHAN GIRISEKAR BERJALAN LANCAR
- Panewu Panggang Tinjau Lokasi Program Pembangunan Talud Gotong Royong di Padukuhan Blimbing
Komentar Terkini
-
Wahyu Antoro
terima kasih buat pemdes girisekar,,semoga semakin...baca selengkapnya
15 Maret 2019 10:25:27 WIB -
Suhardi
Selamat p. Suradi smg bermfaat untuk ummat Dan smg...baca selengkapnya
23 Januari 2019 21:30:05 WIB -
Bowo
admin mbok di update Produk peraturan Desa yang su...baca selengkapnya
29 Oktober 2018 11:43:09 WIB -
Pengusulan jalan tembus dari burondo waru tembus g...baca selengkapnya
18 Januari 2018 22:53:01 WIB -
wahyu
semakin maju pemdes,,,terima kasih atas pelayanan ...baca selengkapnya
12 Januari 2018 20:22:33 WIB -
suradiyanto
Senada dengan sambutan Kepala Desa Kemadang, Camat...baca selengkapnya
23 September 2017 23:30:46 WIB -
suradiyanto
Bravoooo...Girisekar...baca selengkapnya
23 September 2017 23:26:08 WIB -
maryono
ayo do makaryo mbangun desa lurr...baca selengkapnya
23 Maret 2017 09:40:37 WIB -
mr. x
mohon untuk batas wilayah desa girisekar disertaka...baca selengkapnya
06 Maret 2017 13:14:22 WIB -
Pemdes
JBM (Jam Belajar Masyarakat)...baca selengkapnya
24 Februari 2017 09:54:05 WIB
Layanan Pengaduan
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |







