Salah Satu Sejarah Seni dan Budaya Desa Girisekar

14 Desember 2015 22:24:34 WIB

KANURAGAN JANGKRIK NGENTHIR

 

Ki Subardi kang mapan ono ing Padukuhan Waru nDeso Girisekar Kecamatan Panggang Kabupaten Gunungkidul Ngayogyokarto, naliko tahun 1962 angripto sawijining seni kang lelandhesan ngelmu Kanuragan.

 

Sakawit lakuning seni iku mau among kairingi kanthi ketipung, kendang lan terbang.

Sinareng lakuning jaman, seni kang karipto dening Ki Subardi surut mergo akehing kabudayan monco kang lumebu ing Padukuhan Waru nDeso Girisekar Kecamatan Panggang Kabupaten Gunungkidul Ngyogyokarto, mulo ing udokoro tahun sewu sangangatus pitung puluh papat Ki Subardi kabiyantu sewelas piyantun penari lan sangang piyantun pengrawit kaleksanan nyempurnakake seni Kanuragan iku mau kanthi iringan saperangan gamelan slendro, lan ugo nglebur kanuragan dadi seni tari kanuragan utowo bela diri  ugo nyawijekake ing antarane makhluk halus utowo dhanyang  kelawan penari kang kasebut trans utowo ndadi.

 

Lan ing njeroning trans utowo ndadi, parogo kang nari utowo njoget kahanane ora biso kanalar wutuh amargo biso mangan Beling, paku, glugut pring, klopo, pari, wit kemadu lan liyo liyane. Ugo kanthi berkahe Gusti kang Moho Kawoso, tari Kanuragan kasebut biso gawe tetulung utowo menehi tombo marang sepodo-podo kang mbutuhake.

 

Seni kanuragan kasebut sakbanjure kasebut Seni Kanuragan Jangkrik Ngenthir, kawastanan Jangkrik Ngenthir amargo wektu Pendhadharan wancine wektu Jangkrik Ngerik utowo Ngenthir. kanthi iringan baku gamelan slendro gagrag Ngayogyakarto kang ka rinci ing sangang gendhing kang seje seje cengkoke.

Kang sepisan               : Gendhing utowo tari  Purmadi mujudake lakuning pambuko pendhadharan rogo

Kang kapindho           : gendhing tari rete – rete nggambarake lakuning prajurit tumuju ing perang.

Kang ka telu                : Gendhing Jorongan minongko perlambang kahanan saktengahing perang ing

  antarane perang bener anglawan luput.

Kang ka papat             : gendhing utowo tari Ijo –ijo minongko wujud pesto suko parisuko mergo biso

  sasab mbengkas  durangkoro.

 

Kasunyatan pangolahing roso hambabar seni luhuring budoyo satemah biso nyupeketake anggone rerukunan urip murih hayuning bawono, hayuning manungso, ugo hayuning bumi perdikan Ngayogyokarto Hadiningrat.(Sutrisna)mry.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
Komentar Terkini
  • Wahyu Antoro
    terima kasih buat pemdes girisekar,,semoga semakin...baca selengkapnya
    15 Maret 2019 10:25:27 WIB
  • Suhardi
    Selamat p. Suradi smg bermfaat untuk ummat Dan smg...baca selengkapnya
    23 Januari 2019 21:30:05 WIB
  • Bowo
    admin mbok di update Produk peraturan Desa yang su...baca selengkapnya
    29 Oktober 2018 11:43:09 WIB

  • Pengusulan jalan tembus dari burondo waru tembus g...baca selengkapnya
    18 Januari 2018 22:53:01 WIB
  • wahyu
    semakin maju pemdes,,,terima kasih atas pelayanan ...baca selengkapnya
    12 Januari 2018 20:22:33 WIB
  • suradiyanto
    Senada dengan sambutan Kepala Desa Kemadang, Camat...baca selengkapnya
    23 September 2017 23:30:46 WIB
  • suradiyanto
    Bravoooo...Girisekar...baca selengkapnya
    23 September 2017 23:26:08 WIB
  • maryono
    ayo do makaryo mbangun desa lurr...baca selengkapnya
    23 Maret 2017 09:40:37 WIB
  • mr. x
    mohon untuk batas wilayah desa girisekar disertaka...baca selengkapnya
    06 Maret 2017 13:14:22 WIB
  • Pemdes
    JBM (Jam Belajar Masyarakat)...baca selengkapnya
    24 Februari 2017 09:54:05 WIB
Galeri Foto
Layanan Pengaduan
LAYANAN PENGADUAN Ini adalah formulir pengaduan, silahkan sampaikan kritik maupun saran anda terkait Kalurahan Girisekar
Statistik Kunjungan
Hari ini
Kemarin
Total Visitor
Media Sosial